Sakben krungu crito "man paman sing gguyang sapi" sing tibake crito bawang merah bawang putih, aku mbayangne lek lokasi crito kuwi maeng neng Kali Brantas. Aku mbayangne lek bawang putih karo nangis membik-membik turut pinggir kali nggoleki popoke adik'e sing keli pas dek'e umbah-umbah neng kali. Sakben ketemu pak de tukang angon sing ngengon angonane neng pinggir kali mesti ditakoni opo maeng enek popok beruk keli. dst Sampek akhire ketemu wong wedok tuwek sing lagi mususi beras sing ngaku nemokne popok sing keli.
Mergo omahku cidek Kali Brantas, dadi pas makku crito pikiranku yo kali brantas. Lek crito lengkape monggo digoleki neng google uakeh. Neng kene aku mek crito piye bayanganku sing meh
sakmbendino nyawang Kali Brantas langsung mbayangne lek lokasi critone kuwi neng Kali Brantas. Dadi sakliyane wewe gombel crito Bawang Putih Bawang Merah utowo biyen tak arane Man Paman Sing Ngguyang Sapi utowo Popok Beruk Keli kedadeane yo neng kene.
Lha lek lirik lagune Popok Beruk Keli sing dinyanyekne karo Waljinah kok rung nemu sing lengkap yo neng google. Coba sampeyan bek'e nduwe tulung aku dikandani yo! he he he he
Tidak ada komentar:
Posting Komentar